Apa Iku Geguritan?

Pengertian geguritan ingkang bahasa umum yaiku puisi Jawa kang modern (jaman sekarang). Ingkang penjabaranipun yaiku salah siji jenis-jenis karya sastra Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tertamtu. Maksure bebas migunakake basa, bebas nentukake jumlah baris saben pada.



Amrih apike, geguritan iku migunakake purwakanthi. Amargi geguritan kang migunakake purwakanthi dirungokake kaleh jatah wong iku luweh penak lan ayem teng ati.

Paugerane geguritan :
1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.
3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.
4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.

Ciri-ciri geguritan :
1) Geguritan pesti diwiwiti kanthi tembung sungegurit (gagrag lawas)
2) migunakake utawa nganggo patokan/ aturan (guru lagu, wilangan, gatra)
3) biasane geguritan iku nduweni sekawan gatra lan nganggo purwakanthi swara
4) ana aran pengarang/ pangripta

Model-model geguritan :
1) naratif utowi nyeritakake
2) diskriptif utowi nggambarake
3) lirik utowi pasemon utawi kritikan utawi sindiran

Wangsulan Geguritan :

Nggarit Langit
Dening : Y.P.B Wiratmoko

Mendhung gung liwang-liwung,
Lumaku ing ereng-erenging gunung,
Sadalan-dalan kebak eri kemarung,
Kang tinemu omah-omah padha suwung,
Pageri eri carang ori kaya-kaya temlawung,
Nggetuni lelakoning jaman kang lagi bingung,
Lemah bengkah, jurang jugrug, watu-watu,
Padha gumlundhung, ngebaki lurung-lurung,
Iki salahe sapa?
Apa larang sandhang lan pangan sing dadi jalarane,
Nganti gunung-gunung padha gundhul,
Samangsa udan tumeka nuwuhake prahara,
Banjir bandhang nrajang desa ngadesa,
Ngelebi kutha-kutha,
Apa pancen Iki sing diarani jaman wisata tuwa
Pangeran ngelingake sing padua lagi lali
Picture wong tuwa ing jaman kuno biyen
"Sing padua prayitna Lang ngati - ati"
Eling porna den eling
Begja - begjane kang lali jauh begja kang sing eling lan waspada,
Aja meri marang samubarang tumindak kang Ora adhil,
Entenana Dina Kang bakal tekakanthi teteken Budi Rahayu lan pepayung bebener
Sapa nandur bakal ngundhuh, Sapa utang bakal nyaur, Sapa nyilih wanine ngulihake

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Apa Iku Geguritan?"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan2

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel